Cublak-Cublak Suweng

Dalam catatan saya kali ini, saya akan menulis tentang "Cublak-Cublak Suweng".
Sopo wong jawa timur sing mboten nate dulinan Cublak-Cublak Suweng??? Hayo ngaku... He3x. Cublak-Cublak Suweng adalah permainan yang sudah jarang terlihat didesaku. Mungkin sudah lama saya tidak memainkan permainan ini. Mungkin sudah 17 tahun yang lalu. Sudah lama bukan, gimana dengan sekarang ya...
ini dia liriknya:

Cublak-cublak suweng
suwenge ting gelenter
Mambu ketudhung gudhel
Pak Gempong lera lere
Sapa ngguyu ndelikake
Sir sir pong dele gosong
Sir sir pong dele gosong

More info (Updated on:22-2-2011)
Berikut adalah kutipan asli dari blog uangelpol mengenai permainan Cublak-cublak suweng. Saya sendiri sudah lupa, Maklum didesa saya sudah gak pernah keliatan permainan ini.

Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, yaiku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
Dolanan iki diarani cublak-cublak suweng amarga nalika dolanan sing dicublek-cublek iku suweng (anting). Dolanan iki biasa dianakaké wanci soré utawa wengi nalika padhang bulan, ing èmpèran kang jembar. Dolanan cublak-cublak suweng iki ora ngerti saka endi sangkané, nanging dolanan iki misuwur banget ing provinsi Jawa Tengah lan Yogyakarta.
Dolanan iki bisa dilakokake déning bocah 3 utawa luweh, biasané bocah umur 6 nganti 12 tahun. Dolanan iki bisa katindakake dening bocah lanang utawa wadon. Sing diperlokake ing dolanan cublak-cublak suweng yaiku suweng (anting), nanging yèn ora ana suweng isa diganti nganggo krikil. Saliyane suweng utawa krikil, dolanan iki uga diiringi tembang dolanan.
Saumpama sing dolanan cacahé 5 (A, B, C, D, lan E). Bocah 5 iku banjur sut utawa golek sapa sing kalah (dadi). Umpama sing dadi E. Banjur E lungguh mengkurep ing lemah lan diubengi bocah 4 liyané ( A, B, C, lan D). Salah siji saka bocah 4 kui didadèkaké embok. Embok iku bocah sing tugase ngubengaké suweng utawa krikile mau. Banjur kabèh tangané bocah 4 mau disèlèhaké ing gegeré E, tangané nganthong (telapaké ing dhuwur). Banjur padha nyanyèkaké tembang cublak-cublak suweng, sinambi embok ngubengaké suweng ing tangané bocah 4 mau. Nalika tembang tekan pak empong lera-lere, kabeh tangan nggegem. Banjur nalika tekan sir sir pong dhele kopong, kabeh tangan dijunjung saka gegere E lan driji duding, loro karone nduding banjur diobahake kaya ngirisi gula jawa. Bareng karo kuwi E tangi saka lungguhe. Nalika tekan sir pong dhele kopong kang kapindho E dikon milih sapa kang nggawa suweng utawa krikil mau. Yen pilihane E salah, E kudu dadi meneh, nanging yen bener, sapa kang dipilih mau kudu dadi.

No comments:

Post a Comment